Java Host Text: Teks Pembawa Acara Bahasa Jawa

Contoh Pambagi Adicara Wisuda Purnasiswa


Assalamu’alaikum wr. wb.
Ingkang kawulo hormati,  ... ... ...
Puji syukur mugi-mugiyo tetep kahatur agung ing ngarso dalemipun Allah swt ingkang sampun paring pengesokipun shihat lan afiyat saking segoro rohmat lan bebengawanan ni’mat. Keranten ingkang mekaten, monggo sami ngucap Alhamdulillah. Amergi kalean rahmat ugi ni’matipun Gusti Alloh meniko kitho saget pinuju maring mriki papan ingdalem hadhir wonten adicara meniko.
Godhong trisno mugi mboten lebar-lebar kagem Kanjeng Nabi Muhammad shallallohu alaihi wasallam. Godhong ingkang oyot-oyotipun arupi shalawat sertho salam. Kanjeng Muhammad ingkang sampun dados lantaran jejegipun dedalan pinuju maring pepakipun kaleresan. Kalean Qur’an lan sunnah ingkah tansah kitho gali saripatinipun lan mugi saget kito anut pitedah-pitedahipun ngantos dinten qiyamat.
Adicoro ing dalu niki inggih meniko “Wisuda Purna Siswa tahun pelajaran 2012-2013”. Sesarengan ing ngajeng panjenengan sadoyo, kulo pambagi adicoro badhe maosaken rerangken adicoro:
1.   Adicoro ingkang pertami, pembikaan
2.   Adicoro ongko kalih, pawaosan ayat-ayat suci al-Qur’an
3.   Dipun lajengaken adicoro kaping tigo, sambutan-sambutan
-  Sambutan pertami: sambutan saking kepala sekolah
- Sambutan ongko kalih: sambutan saking perwakilan     wisudawan
- Sambutan ongko tigo: saking perwakilan siswa ingkang dipun tilar
4.   Adicoro selajengipun, prosesi wisuda purna siswa
5.  Adicoro pemungkas, penutup: inggih meniko mau’idhoh hasanah ingkang badhe dipun sampe’aken kalean Prof. Dr.  Maghfur Amin.
_________________________________________________________________________________
1. Sederengipun kitho lajengaken, monggo sareng2 kitho maos fatihah kangge pembika adicoro, kalean ngajeng-ngajeng pitulunganipun Gusti Allah supados adicoro meniko saget lumampah kanthi lancar mboten wonten alangan nopo-punopo, al-fatihah…
2.  Manjing ing adicoro ongko kalih, pewaosan ayat-ayat suci al-Qur’an.
Ing ndalem ayat Qur’an wonten pinten-pinten mutioro ingkang edi. Mutioro hikmah, pitedah, ngelmu ugi rahasaia agung. Monggo sareng-sareng kitho mirengaken pewaosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang badhe dipun waos kalean sederek kitho: M. Maghfur Amin. Sederek  kitho meniko juara I lomba Qori’ tingkat RT, lan juara II tingkat Dusun.
Dumateng sederek M. Maghfur Amin, dipun sumangga’aken
Matur sembah nuwun dipun aturaken dumateng sederek M. Maghfur Amin, mugi-mugi kitho sedoyo saget angsal manfaat saking pewaosan ayat-ayat suci al-Qur’an kolowahu.
3.  Selajengipun, adicoro kaping tigo iggih meniko, sambutan-sambutan:
a. Sambutan ingkang pertami, sambuan saking Kepala Sekolah, ingkang badhe dipun sampeaken dumateng ingkang kagungan hurmat, Bapak Sumarliyan S.Pd.i,
Dumateng Bapak Sumarliyan, wekdal lan panggenan kawulo sumangga’aken.
Matur sembah nuwun dipun sampe’aken dumateng Bapak Sumarliyan S.Pd.i. kathah ingkang saget kulo panjenengan alap manfaat saking nopo ingkang sampun dipun sampe’aken.
b. Sambutan ingkang kaping kalih, sambutan saking pawakilan wisudawan, ingdalem hal meniko badhe dipun wakili dining sederek M. Maghfur Amin, salah setunggalipun “wisudawan terbaik” lulusan tahun pelajaran 2012-2013
c. Sambutan selajengipun badhe dipun sampe’aken kalean sederek M. Maghfur Amin, pewakil siswa ingkang dipun tilar, atawin pewakil adik kelas.
Dumateng sederek M. Maghfur Amin dipun sumangga’aken.
4.  Bapak-bapak ibu-ibu, nempuh tigang tahun wekdal kangge pendidikan ing jenjang meniko, wonten ujian ingkang dados panemtu, ingkang kedah dipun leksana’aken kangge saget dilantik kalean nyandang predikat lulus. Bapak-bapak ibu-ibu, monggo manjing ing adicoro ingkang ongko sekawan, “PROSESI WISUDA PURNA SISWA MTs SA KEBON DALEM TAHUN AJARAN 2012-2013”
Dumateng sadoyo kru prosesi wisuda dipun sumangga’aken
Mekaten wisudawan-wsudawati ingkang sampun dipun lantik kalean prosesi. Mugi-mugi sedoyo wisudawan-wisudawati angsal ngelmu ingkang manfaat ndunyo nagntos akhirat.
5. Al-hamdulillah, kitho sampun nglampahi adicoro-adicoro ingkang kathah, akhiripun kitho manjing ing adicoro pamungkas, inggih meniko Mau’idhoh Hasanah, ingkang badhe dipun sampe’aken kalean Prof. Dr. M. Maghfur Amin. Kulo pambagi acara nyuwun angungipun samuderaning pangeksami bilih wonten luput ing anggen kawulo ngucap atawin ing tindak tanduk.
Wonten bajing marut klopo
Nyuwun ngapunten lepat kulo
Pilot mabur, nyunggi pesawat
Mireng pitutur, kanthi khidmat

Wassalamu’alaikum wr. wb
Dumateng Prof. Dr. M. Maghfur Amin wekdal ugi panggenanipun kawulo sumangga’aken.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar